Gak faham-faham ... salahe sopo? (Bhs jawa)


“Ngoceh bareng-bareng”

Aku guelek krungu eneng cah seng sambat ngene. Kadang langsung nang aku kadang yo aku krungu lewat cerito koncone: “Nahwu iku uangel yo...” / “Aku lo gak dunung-dunung pelajaran nahwu...” / “Tiap diulang nahwu-shorof utek.q mbulet gak karuan...” / “Wes! Aku nyerah belajar nahwu-shorof!!!” / “Bla bla bla bla lan bla-bla liyane”


Nah... opo bener pelajaran nahwu iku nganti semunu angele? Kenek opo kok iso ngunu? Jawabane: Eneng beberapa kemungkinan cah.....

1.       Eneng kemungkinan gurune seng kurang endak njelasne materine... Tapi nek masalah iki koyoke dudu faktor utama... So’ale cah, kabeh guru madin AL-MUSTHOFA i ugak sembarang wong, tapi wes pilihan. Dadi kemungkinan kecil nek faktor guru dadi penyebabe.

2.       Eneng kemungkinan muride seng kurang iso nyerna penjelasan guru. Nah iki luweh masuk akal (menurutku. Haha. Dilarang protes!).

Kemungkinan seng kedua iki ndak sek eneng beberapa kemungkinan meneh. Eneng kalane:

a.        Gak iso nyerna penjelasan guru sebab kurang konsen nek ngrungokne (mungkin cahe lagi guwalau pakai bingit).

b.       Gak iso nyerna penjelasan guru sebab pancen awake nang kelas tapi pikirane nglayap nang ngendi-ngendi/nglamun (misal mungkin saking terpukau.ne karo gurune seng ngajar nganti kegowo nang lamunan??? Kan mungkin ae...)

c.         Gak iso nyerna penjelasan guru sebab ngantuk atau bahkan turu (nek sirahe nganti sentuk-sentuk, ngunu iku jerene “wes eneng seng paham, pak”)

Jere wong bijak; “Delok’en awak dewe sek mari iku lagek delok wong liyone”. Semunu ugo nang masalah iki. Ojo langsung nyalahne wong liyo (guru), tapi delok’en awak sampeyan dewe sek. Pye?:

“Wayah diniyah sampeyan ngrungokne temenan gak?” / “Melek temenan gak?” / “Sadar temenan gak?”

Jangan-jangan sampeyan gak pati ngrungokne, opo malah suwalike, sampeyan guyon ae karo konco sampeyan... / Jangan-jangan sampeyan ogak melek alias ngantuk bahkan turu, trus yo nemu pirang perkoro sampeyan pengen faham?...  / Jangan-jangan pas diniyah sampeyan lagi setengah utowo bahkan gak sadar blas alias lagi nglamun level ‘AJUR JUUM’. (Opo? Nglamunke cah seng sampeyan senengi?? Gak manfaati opo-opo cah... mending di.fatechahi ae bene ndang hasil maksud. Dari pada dilamunke malah garai pikiran GJ. Gak ngunu... ‘Ogak’ ndak jereku tetep ngunu. Ndang are pye sampeyan?? haha)


Nek seumpomo bener ngunu, berarti sampeyan dewe seng patut disalahne. Tapi nek ugak ngunu pye? Dalam arti sampeyan wayah diniyah wes ngrungokne temenan, yo wes melek temenan, yo wes utoh sadar... Sek-sek, ojo terus nyalahne guru sampeyan sebab sampeyan sek panggah jek gak faham. Kenopo kok ngunu? Sebab... iso ae cara ngatur otak sampeyan seng kurang pas.

“Weh??? Ngatur otak?? Opo meneh iku????”

 Ngene lo, otak menungso ki ibarate sebuah ruangan seng gak kaprah gedene. Iso diiseni sak enenge. Diiseni kabeh fotone wong seng pernah sampeyan papasi, rekaman kenangan kawit jaman sampeyan dolanan polisi-polisian mbuiyen nganti sak iki, sampeyan iseni ratusan film-film bioskop seng pernah sampeyan tonton. Wah pokok sak enenge kelbu glundeng nang otak sampeyan.
Terus hubungane yo opo karo ‘ngatur otak’???

(kontingen putri MQK tingkat jawa timur perwakilan pp adnan al-charish putri)
Sampeyan lak nduwe kenangan seng disimpen semunu akehe seng suatu saat jelas sampeyan butuh untuk mengingatnya. Nah… ibarate sampeyan nduwe ruangan gudang, trus sampeyan pengen golek siji barang, tapi nang gudang iku ternyata kuabeh barang campur aduk gak karuan, yo jelas sampeyan bakal kangelan golek barang mau. Jajal nek seumpomo isine gudang i ku sampeyan toto seng apik; Barang-barang songko tembikar sampeyan dewekne. Barang-barang elektronik sampeyan dewekne. Buku-buku sampeyan dewekne. Alat-alat masak sampeyan dewekne. Alat-alat pertanian sampeyan dewekne, lan seteruse… lak ngko gampang golek barang seng pengen sampeyan jupuk. Golek ompreng berarti nang tempate alat-alat masak. Golek genuk berarti nang tempate barang-barang tembikar. Golek kalkulator berarti nang tempate alat-alat elektronik.

Otak sampeyan yo ngono. Bagian ingatan tentang kegiatan sehari-hari seharuse sampeyan dewekne. Ingatan tentang janji-janji sampeyan dewekne. Ingatan tentang jeneng-jeneng wong sampeyan dewekne. Ingatan tentang pelajaran sampeyan dewekne. Ingatan tentang barang-barang milik sampeyan sampeyan dewekne, lan seteruse.

Lhoh?? Emange ngunui iso ye? Yo iso leh. Iku jenenge memenejemen otak. Seumpomo komputer nu kene nggawe beberapa folder, terus nang tiap folder sek eneng beberapa folder meneh, terus nang setiap folder iku sampeyan isi file-file seng isine ingatan sampeyan. Nek wes iso noto seng koyo ngene mongko sampeyan bakal mundak gampang ngilingne opo wae. Daya ingat sampeyan bakal mundak hebat. Tentu ngene iki butuh latihan. Marai sampeyan jarang mikir seng eneng manfaate lo…. Mikir dolanan ae, masalah-masalah seng asline sia-sia ae seng dipikirne, dadine otak i semrawut gak karuan…. Mulane uangel digawe mahami pelajaran.

Emange pye cara nglatihe?? Langkah pertama, kurangi kebiasaan mikir barang-barang seng asline gak perlu dipikirne, nek iso malah luweh apik neh diilangi ae kebiasaan iku, bene sampeyan iso konsentrasi belajar & ngaji nang pondok.

Coba sampeyan perhatikne nek eneng konco sampeyan seng lagi galau, mungkin galau sebab kentekan duwit utowo galau sebab lagi kecantol bek lawan jenise (uweheemmm), lak cah seng model ngene ki bakal menurun kemampuan memahami belajare. Iya kan….. Kenapa kok iso ngunu? Sebab konsentrasi dia terpecah… antara belajar karo masalah lainnya, dua hal iki memang saling berseberangan. Ugak satu jurusan mulane sulit atau bahkan iso disebut mustahil iso berjalan bareng. Ngaji atau belajar iku pancen butuh konsentrasi tinggi.

Langkah kedua, sebagai bentuk pelatihannya… sering-seringo gae diagram. Kabeh materi pelajaran (nahwu ataupun liyane) seng wes disampaikan guru sampeyan rubah dadi bentuk diagram. Ngerti diagram kan? Iku lo seng rupo cabang-cabang, trus setiap cabang nduwe beberapa cabang meneh, lan seteruse. Bentuk diagram iki iso mbantu sampeyan mahami pelajaran secara utuh. Metode ikilah seng paling sering digae para mustahiq untuk menyampaikan materi mereka.

Langkah ketiga, diagram mau sampeyan salin/sampeyan pindah nang otak sampeyan. Luweh gampange, diagram mau sampeyan hafalne secara sempurna. Nek sampeyan wes berhasil ngapalne, berarti sampeyan wes berhasil nggawe folder-folder seng tertata rapi nang otak sampeyan. Mundak akeh diagram seng sampeyan apal mongko mundak hebat penguasaan materi seng lagi sampeyan pelajari. Sederhana kan? Cumak perlu mbuat diagram trus diapalne. Beres. Tentu langkah seng nomer siji nang duwur jo nganti dilalikne: KONSENTRASI iku syarat mutlak di dalam proses belajar.


Wes semene ae….. Ojo bosen-bosen nambah koleksi diaram sampeyan. Kalau kroso kangelan, iku berarti tantangan kanggo sampeyan. Pun… Mugo-mugo kabeh iso moco kitab,,, amien@ Selamat berlibur n jo lali nek balik gawakne oleh-oleh kanggo pak-pak lo ya….. Temenana lo iki/.

@pangeran walang.

PP. ADNAN AL CHARISH NGUMPAKDALEM DANDER BOJONEGORO

Comments