SYAIR MAASYIROL JOMBLO


SYAIR MAASYIROL JOMBLO


Ngawiti Jomblo nyusun rayuan...
Kelawan muji maring sang mantan...
Kang paring smangat ugi kenangan,
Rino wengine tansah kelingan 2x...


Duh poro jomblo priyo wanito...
Ojo mung maen Pokemon bloko,
Mbok yo EfBe an Whatsap an kono,
Menowo mantanmu mbalik nang siro 2x...

Akeh usaha nggo nglale'ake...
Mblokir EfBe-ne ugo liyane...
Nanging nyatane kelingan wae,
Akhire akun palsu digawe 2x...

Gampang mbujuk-i mantan sing lungo...
Ing pangajabe bakal katrimo...
Dadak konangan mergo sembrono,
Modiyaro wae ra usah ngersulo 2x...

Ayo sedulur jo nglale'ake...
Wajibe nulung jomblo sing kae,
Ojo digojlok ojo diece,
Mengko frustasi Baigon diombe 2x...

Mantane rabi ngamuk akhire...
Nekat marani nang resepsine...
Marakke kisruh wedi tamune,
Dicekel warga benjut burine, 2X...


#iki_mung_ge_guyon_lho_kang ...
Jo digawe Pujian Sholat.....
Salam Soni Boster

Comments